jeng,
tak tulis layang iki
naliko langit kebak mendung
gawang gawang katon lelakon kang wes kapungkur
naliko tak sawang netramu ing tegal papungan
tak laras pipimu ing watu kendal
lan tak geget latimu ing sendang glagah
ahhhhhh,
nanging ora jeng
jebul tresnamu cetek koyo kali kang kebak padas
ringkih koyo kayu gapok
garing koyo jati aking
aku wes ora duwe pangarep-arep maneh jeng
dalan ikiy mbiyen nate tak liwati
nalikane langit mendung kutho ngawi
sendang glagah wes kinurip jroning ati
saben liwat aku ora biso lali
tak ulati isih koyo wingi uni
ora kroso luh tumetes mbrebes mili
roso nglangut yen katon-pan tanpo pagut
katresnanku rinenggut purpaneng pesthi
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar